Bahasa Jawa materi Cerita rakyat

Katresnan Kang Sejati
A. Cerita rakyat
     Cerita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-tenurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacitrakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.
     Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandang, lan amanat.
    Tema iku pokok permasalahanbing sajroning crita. Latar iku papan panggonan, wektu, lan suwasana  kedadeyan ing prastawa sajroning crita.penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-ufutane crita. Sudhut pandhang yaiku cara panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
    Cerita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
1. Titikane crita rakyat
  - Panyebarane kanthi lesan
  - Duweni sipat tradhisional
  - Sugih cakrik lan variasi
  - Jenenge pangripate ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan apa sing nganggit)
- Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
2. Mupangate crita rakyat
a. Mupangat rekreatif yaiku manehi rada tentrem seneng uga manehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku manehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
3. Unsur crita rakyat
a. Tema yaiku ide pokok crita
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan suasana.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita
d. Alur (plot) yaiku rerangking prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritake tokoh, barang, papan, lsp.
4. Wujude crita rakyat
a. Mitos
    Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
    Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, kawah sikidang sumur jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
    Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale
B. Sinopsis
    Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabeha. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a.   Tema   :gagasan pokok, pokok crita
b.   Latar   :papan lan wektu dumadine                              prastawa
c.   Alur     :lakuning crita
d.   Penokohan :paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.

Sumber : gGegaran nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Bahasa jawa materi pakaian adat