Bahasa jawa materi Gamelan

Gamelan
   Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip,
amelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa-
pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku
tabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang
mume diarani gendhing.
Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panerus, bonang
Barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus,
soron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.
A.Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan
Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan,
utawa swasana tinamlu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngreti kanthi cetha. Tuladhane kaya
ngisor iki.
Gamelan
Gamelan iku dumadi saka piranti wema werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh.
nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan
ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi rong wema, yaiku laras
slendro lan laras pelog.
Laras slendro nyakup titilaras 1, 2, 3, 5, 6, dene laras pelog isine titilaras 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake jinis iku jenenge
pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama
dipadhakake karo solmisasi, pathetiku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro anapathi
5. pathet 6. lan pathet manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang, Kabeh
mau nuduhake menawa sanajan wujude werna wema nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.

B. Mbedhah perangane teks eksposisi
Tuladha teks eksposisi ing ngarep bi
pambuka, isi, lan panutup. Cethane kaya kaya ngisor
Posisi ing ngarep bisa ditemokake titikane teks eksposisi. Titikane ya
Pambuka:
Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji.
Murih endahe
Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras
endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih end
Irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro
laras pelog dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.
Isi: Laras slendro nyakup titilaras 1, 2, 3, 5, 6, dene laras pelog isine titilaras 1, 2.2
4, 5, 6, 7. Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kang
mbedakake jinis iku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kan
bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisas
pathetiku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet S, pathe
6, lan pathet manyura, dene ing pathet ing laras pelog ana pathet 6 lan pathet
barang
Panutup:
Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging Ora
ngilangi sipate kang nyawiji.
C. Nulis teks eksposisi ngenani gamelan nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane
Nulis teks eksposisi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang gumathok. Pranatane!
kang gumathok yaiku ana pambuka, isi, lan panutupe. Bab apa wae kang arep dieksposisekake carane
padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene iki.
Pambuka : A iku B
isi              : B = B1+B2+B3+B...
                    B1 = .................., B2...............,       
                    B3..........., B.... = ................
Panutup   : B nuduhake menawa A....


  • Sumber : Gegaran nyinau Bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Bahasa jawa materi pakaian adat