Bahasa jawa materi pendhidhikan moral

PENDHIDHIKAN MORAL


Tembang Kinanthi

   Tembung kinanthi iku saka Tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikhanti, dituntun, digandheng, Utawa diarahake.
   Tembang Kinanthi nduweni watak yaiku : Seneng, nasehat, kasih sayang, teladan ingkang becik.

A. Maca teks serat wedhatama Pupuh Kinanthi

KINANTHI

Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak-punduking Pambudi,
Mbengkas kahardaning driya,
Supadaya dadya Utami

B. Nanggapi lan nitik guru Gatra, guru lagu, kan guru wilangan teks serat wedhatama Pupuh kinanthi


  1. Guru Gatra : Guru gatra yaiku cacahing gatra ing saben pada. Tembang Kinanthi saben sapadane ana 6 gatra
  2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Guru lagune Tembang Kinanthi yaiku u,i,a,i,a,i
  3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Guru wilangane Tembang Kinanthi : 8,8,8,8,8,8


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII/SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Bahasa jawa materi pakaian adat