Bahasa jawa materi geguritan

MATERI GEGURITAN


       Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan suarane kabeh  merdika utawa bebas. Gumantungnet atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa biasa wae.



A. Titikane Geguritan


  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
  3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.



B. Unsur Unsur Geguritan
Unsur Instrinsik

  1. Tema/Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.
  2. Pamiling tembung/Diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kanggo geguritan.
  3. Lelewaning basa/Gaya Bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung tembung kang dironce kanthi endah saenggo ngasilake ukara kang ngandhut lelewaning basa.

Unsur Ekstrinsik

  1. Biografi : latar belakang/riwayat uripe penulis.
  2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat istiadat, budaya, lan sapanunggale.
  3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.



C. Nulis Geguritan

  1. Nentokake tema.
  2. Milih tembung kang becik.
  3. Cacahaning gatra (baris) ringkes lan mantes.
  4. Migunakake tembung kang andhahan. 
  5. Migunakake basa kang endah.
  6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah. 



D. Nanggepi Isi Geguritan

  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.



E. Sing Kudu Digatekake Nalika Maca Geguritan.

  1. Wicara/Kualitas vokal yaiku ala becike aksara suwara/ dhang dhinge basa, pocapan/lafal.
  2. Wirama/Tata Cara/Etika maca geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan.
  3. Wirasa/Greged/Penjiwaan tegese isi geguritan, cocok/penere anggone negesi geguritan.
  4. Wiraga/Ekspresi/Mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa.
Sumber : Gegaran nyinau Bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Tuladhane Geguritan :

  Apa Bedane
  Dening Sudi Yatmono 

 Apa bedane prosa karo puisi
 bedane ana ati

 apa bedane ati karo gori
 bedane mung prakara bumbune
 bedane apa bumune karo sing dibumboni
 bedane rak mung ana ing wadhah

 apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
 kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

 lha apa bedane manungsa karo kewan
 ah iku urusane Pangeran
 (Mbangun Tuwuh, angka 138)


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Bahasa jawa materi pakaian adat