Postingan

Bahasa jawa materi pakaian adat

PAKAIAN ADAT JAWA Pembahasan Pakaian Adat menggunakan bahasa jawa Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhesar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja. Bedakke Antara Pakaian Adat Jawa SOLO lan YOGYA BLANGKON Blangkon kota Yogya yaiku bagian mburine ana mondolan(benjolan) kanggo panggonan gelungan rambut, amarga adat zaman biyen tradisi rambut lanang didawakake. Yen didelok saka ngarep blangkon Yogya luweh mbentuk huruf “A” ing bagian bathuk. Blangkon kota Solo yaiku luweh ...

Bahasa jawa materi pendhidhikan moral

PENDHIDHIKAN MORAL Tembang Kinanthi    Tembung kinanthi iku saka Tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikhanti, dituntun, digandheng, Utawa diarahake.    Tembang Kinanthi nduweni watak yaiku : Seneng, nasehat, kasih sayang, teladan ingkang becik. A. Maca teks serat wedhatama Pupuh Kinanthi KINANTHI Marma den taberi kulup, Angulah lantiping ati, Rina wengi den anedya, Pandak-punduking Pambudi, Mbengkas kahardaning driya, Supadaya dadya Utami B. Nanggapi lan nitik guru Gatra, guru lagu, kan guru wilangan teks serat wedhatama Pupuh kinanthi Guru Gatra : Guru gatra yaiku cacahing gatra ing saben pada. Tembang Kinanthi saben sapadane ana 6 gatra Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Guru lagune Tembang Kinanthi yaiku u,i,a,i,a,i Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Guru wilangane Tembang Kinanthi : 8,8,8,8,8,8 Sumber : Gegaran Nyi...

Bahasa jawa materi geguritan

MATERI GEGURITAN        Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan suarane kabeh  merdika utawa bebas. Gumantungnet atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa biasa wae. A. Titikane Geguritan Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale. B. Unsur Unsur Geguritan Unsur Instrinsik Tema/Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Pamiling tembung/Diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kanggo geguritan. Lelewaning basa/Gaya Bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung tembung kang...

Bahasa jawa materi Gamelan

Gamelan     Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip, amelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa- pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang mume diarani gendhing. Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panerus, bonang Barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, soron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang. A .Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan, utawa swasana tinamlu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngreti kanthi cetha. Tuladhane kaya ngisor iki. Gamelan Gamelan ...

Bahasa Jawa materi Cerita rakyat

Katresnan Kang Sejati A . Cerita rakyat      Cerita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-tenurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacitrakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.      Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandang, lan amanat.     Tema iku pokok permasalahanbing sajroning crita. Latar iku papan panggonan, wektu, lan suwasana  kedadeyan ing prastawa sajroning crita.penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-ufutane crita. Sudhut pandhang yaiku cara panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.     Cerita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai buda...